Friday, July 29, 2011

Prasasti Pande Bang 28-29

28. kacrita sira ki pande bagus, ki pande sakti maka linggan ing saprasanak ira sadaya, oyeng karang suwung, maka nguni ring gelgel, yan pira kunang lawas ira ki pande bagus, ki pande sakti, maka linggan ing asanak ira sadaya, maring gelgel, mwang maring karang suwung, ri wekasan pejah pwa sira kalih, wetning uwus genep ing tuwuh ira, neher ta sira kalih pinrateka inaben de pratosantana kabeh, tan simpang kaya pratekan ing bapa nguni, manut ling ing gagaduhan, piyagem, maka larapan sira mulih ing suniya taya. mangkana gatin ikang carita, nimitaniya tinewaken mangke, angukuhaken pratisentanan ikanang prateka urip kateken ing pati, nagehaken sasana kaprabaliyan ira, nga, nyuwung, apan inguni ginawe tular. mangkana yak maweruhaniya sadaya. wantunakena carita malih, sira ki pande sakti, sira pande bagus kari ta sira ademit, tininggalaken den ing yayah indungniya, ya etun ing pabriyak pada manastapa, umesala pura-kreta tekwan sira sang amawa bumi, sayan tan umeling pwa sira lawan sira sadaya. ndyata dumehniyan, apan sang amawra gumi ratu waneh, sri aji kresna kepakisan, etun ing tatan wawa-renga lawan sapratisantanane ki pande bang nguni, ya marman ing pwa sira kabeh amurang-murang lampah, pada sah saking swecapura mwang saking karang suwung. kunang sapratisantane ki pande sakti, ki pande bagus, sah saking swecapura, angungsi angulwan, jumeneng ta ya kidul ing wanga bengkel, anampek ing puru tugu, ana asrama, ya etun ing nagara ingaran srianyar. wekasan irika pwa sira, atatanduran sarwa sredah, etun ing wekas inaran tang desa abyan base. kunag selamin-lamin ira adesa ring abyan base, pada werdi pwa sira asantana, tan ipal-ipal, neher sira anangun kahyangan panti maring gianyar. anyiwi kaliliran ira, pustaka, panugrahan paduka bhatara kasuhun, turun tumurun. yan pinrang lawas ira, ri wekas ing wekas muwah ta ya angingsir angawangun kahyangan panti. jenek maring abyan base, waluya kadi ring kuna. tan sah anyungsung kaliliran ira, pustaka japa mantra japa puja mwang gending, ya maka sasanan ing kawangan, pratisantanan sira pande bang, titis ira sang mpu karo, sira mpu buhung-buhungan, makadi sang mpu sandang suwungan, ing nguni. walani carita muwah, saprati santanane sira apande bang nguni, sahe saking pradesa karang suwung, ana sah ka pradesa kembangkocing, ana sah ka desa kulu, ana sah kapradesa camenggawon, ana sah ka pradesa badung, ana sah ka pradesa jemberana, ana sah kapradesa karangasem.

29.tangeh yan caritakena sah-sahan ira, apalarasan, angungsi desa paradesa, mangkane kata samangkana. katakana muwah ki bangsa prabali nyuwung, maring abyanbase, sama kaya ndah makarambyan turun tumurun, anyiwi kahyangan ira maring panti, tan simpang kaya ling ing titi gagaduhan, amagehaken kawangsaniya wekasan. ana sah sakeng desa abyan base, angalih pwa ta ya maring desa tedung, ana ta angalih maring desa salakan, mwah ana sah ka sading paling pungkur. mangkana kpwa dartaniya ring kuna, anaakena kata sakamantyan. delengan pwa malih, panganggone sira apande bang nguni, ya wenang tinindihaken de saprati-santana. iti piteges utama dahat, kaweruhana ateguh, lwirniya, iki den waspada. mantra telung soroh pratekan ing mati, prati-santanane ki pande bang, nista, madya, utama. ya ngaran tiga pasalinan ing mati. kunang yan sane matumpang, ingangge sarwa epo, tekeng bomaniya petak, singa petak, asti petak, patra-patraniya madyama saha palunganiya, wulat tutut aji, nga, aratuaniya ancur, manut klakat sudamala, porongniya 108, muwah bedeg sudamala, porongniya 108. mangkana pratekan ing ri kala mati. kaweruhan kita malih, ri kalan ing angaturaken puja wali, pahodalan ring kahyangan panti, yan mapadudusan, masorohan guling bangkit, 6 soroh, kang lalima manca warna, putih, kuning, abang ireng, mabrumbun. muwah banten pangenteg sasayut pangambeyan, pras panyeneng, katekeng ajuman 1. renga ta malih rikala angutangin bok, nga. apetik. upakarane, bras acatu, nyuh 1 bungkul, taluh 1 bungkul, biyu ahijas, lawe satukel, jinah 233. muwah pangurubuhan, mabras acatu, klapa 1 bungkul, antiga 1, psang 2 ijas, lawe satukel, jinah 233, sorohan guling bebangkit asoroh, malih bindu majaja 9. malih banten sasaren saha alutuh, masate, panyeneng, nga. kunang yen paling wayah kawijilanniya, tur laki, kayogyaniya maguling babangkit, nga. pateh manegen manyuwun gulingiya. kunang muwah yan pamade pawijilaniya, tur laki, maguling babangkit pangateh sategen.
dikutip dari :
prasasti pande bang
sumber : gedong kirtya no. 4821
druwen : puri ngurah, sibang kaja, abiansemal, badung
 

Sunday, July 17, 2011

Prasasti Pande Bang 26-27

26. mangkana ta santanan ingsun kabeh,kewala ane pawekas wang atuwanta mangke, lawan kita kabeh, akwa ta lali ring sasana mwang kawangan, anyungsung paduka bhatara kasuhunan, sang luningga ring gedong sinapa, anutakena kadi ling ing titi gagaduhan, urip katekan ing pati, aja angimpasin. kunang yan kita lali anyungsung, maring kahyangan angiwangi parikrama, tan wun kena sodan ira paduka bhatara kasuhun, salampah lakuniya tan ana amanggih rahayu mwang kageringan, sugih gawe kurang pangan, anadi wang tani wang. apan dudu santana, nga. mangkana palane katemu deniya kita santanan ingsun kengetakena pawarah ingsun mangke, tutur tutur aja lali, warah warah uga santananta, didiniyan pada umengeta kalingan mwang kawangan, ta ya lingning titi gagaduhan, kaya ujar mami. "rengenta malih, prasasti, piyagem, pamancangah, ntas, nga. marga, tinga, patitis, nga. pamener, ya ta margane, wenang tutakena saprati santanan, kayang kawekas ing dlaha, marpwan apageh akukuh. piyagem, nga, piyanak, nga, saprati santana. punang cam, nga, cagaman mwang gagaduhan. kang ga, nga. dharma, sasana, kang dharma, nga. pageh, nga, kukuh. mangkana anakku, marman ing tan kawenang kadi kita, katekeng pratisantananta, tan yogya ngelidin gagaman. ne nora santananta, ginawe gagaman, ya kengetakena. pamancangah, nga. babancahan, nga. kang bancaha, ya nga. sasehan, mangkana kalingan ika". "kita apande bagus, kateken ing ki pande sakti, mangke dan parekakena kita talingwan ing pangrenga, yayahta apti awarah-warah lawan kita, apan wekas ing uttama". irika tumuli sang kalih, ki pande bagus, ki pande sakti marek ing sang guru, teher winisikan, tan ana winedar, apan dahat ing masingit ling ira, sang guru "anakku karo, aparan wus karenga denta karwa, pawisik ing ramanta". sahur ira sang karwa "singgih wus sinimpen de ranak ira, sumusup katekeng anta-hredaya". "anakku karwa, aja wera mwang sawuh, apan wekas ing asingit". "ananda ngiring siranak ira". ling ira sang adi guru "anakku karwa, apan wus ana pawarah ramanta, mangke ramanta asuci, ayapan pwa ramanta mangke".
27. umiring pwa sang nanak karo, tumuli munggah asuci, amutus, anganggo sarwa petak, tumuli sira yoga, angaturaken bakti sumace sang hyang suksma. uwus angubakti neher munggah ing pagulingan, ana ling ira mwah "anakku apande bagus, nguwineh kita pabde sakti, yadyan anak ingsun kabeh, katekeng pratisentananiya sadaya, tunggunen pwa wang tuwanta mangke, sembahen wang tuwanta, mungpung kariya urip, didiniya ajarigetan sang hyang atma mulih ing suniya-taya. tar wihang pwa sira kabeh, neher angabakti, sapara putra, potruka, sapratisantana. muwah wus ing angabakti, irika sang pinaka guru, anginkinaken raga, maring pagulingan, angregep angranasika, angesti sang pralina. nyakti tan simpang kaya lingan ira, tan asuwe, lengep moksah sang hyang atma, anuksma ring taya. nahan kacritan ira patine sira i pande bang. kunang satereh ira neher pinrateka inabenan do sapratisantanan ira kabeh, manut ta ya lingning titi gagaduhan. iki panugrahan ida bhatara kasuhunan, mangke katatwaniya marman ing  tinewwaken mangke, tininceh
tinular den ing prati santana sang umengeta sira ring sariramwang kalingan turun tumurun, sapratisantana sira mpu buhung-buhungan, mpu sandang suwungan, apan pwa sida tunggal, sira sang mpu karwa. mangkana gatin ikang carita. wentunakena tekang carita muwah, sapatilare sire pande bang, amuksane ring taya, kari sutan ira karwa, sumilihi sira, keng apuspata sira pande sakti, sira pande bagus, makadi prasida kang sinengguh paman ki pande gading, ki pande cameng, i ketut pasangan, ki pande gebugbasa, rumuhun pwa sira pejah. kunang salawase sira pada mukti sriya maring karang suwung, maka nguni mareng sweta-pura, ri wekasan pada werdi santana pwa sira sadaya, pada endah makurambeyan, tan ipal-ipal, sira pande gading, sira pande ireng, maka nguni sira i ketut pasangan, apan sampun pwa sira pada wreda, wetning magegan, tan asuwe pejah ta sira, mulih ing karang wayah sadaya, anut uri lampah sang kaka, sang sida amuksana rumuhun, anuli pinrateka kinabehan de prati-santanan ira sadaya. tan waneh pwa pratekaniya, manut kadi lingning gagaduhan, piyagem. mangkana kacaritaniya nguni.

dikutip dari :
prasasti pande bang
sumber : gedong kirtya no. 4821
druwen : puri ngurah, sibang kaja, abiansemal, badung