Sunday, October 18, 2009

Prasasti Pande Bang 9-10


9. i pande gading, apan sampun kapratista munggwing gegaduhan, ya ring piagyem, mwah ana larangan ing inghulun, bwat linuputanken, lwirniya, yan hana santana ingulun sisip, orat pati, kayogyaniya wenang tundung salok. kunang yening sisip danda artha, ye wenang tundung salok, muwah yaniya sisip yogya tinundung, ya ta yogya kasinampurakena, mangkana kawenanganiya, aywa predo. kaweruhana iki muwah, kayogyane gegaduhan ya sira apande bang, sayogyane akahyangan gedong sinapa, kalinganiya, palinggihan paduka bhatara ring luhur, pajenenganiya, gedong sinapa. mwang parahyangan kamimitan rong tiga, mwang kamimitan rong tunggal, saha taksu, makadi sanggar padma, ya tam aka utamaniya, kang sinangguh pajenengan, nga. sinapa-sinapa aywa ngiwangin, mapalakena sodan ira sang hyang sinuhun. kaweruhakena mangke mwah, niyata nimitan ing sinangguh i pande bang, i pande ireng, ipande gading, ya ika pidartaniya, maka jatiniya saking paparaban. upamaniya kaya i pande bang ngaraniya, kang sinangguh prakangge dening dalem nusa. angamong tirta pawitra, makadi angamong saraja druwene, druwen ira dalem nusa. mangkana kapradataniya. kaweruhana muwah, nimitan ing kawitaniya sira pande bang, sah saking majapahit kapwa nguni, turun maring bali, angungsi kakinik ing bali kidul, tumurun pwa maring silayukti, jumujur angalor, awasana pwa sira maring swecapura, nga, gelgel. irika ta sira pande bang angawit anangunakena kahyangan dalem, puseh, bale agung, etun ing sira pwa kayogya maka jan banggul ring kahyangan tiga, makadi dalem, puseh, bale agung, ya etun ing aparab ki panyarikan. i pande ireng, kunang i pande gebug basa, i pande gading, yapwan angamong lungka-lungka, maka nguni angamong toya pawitra.

10. ya ta malih panugrahan dalem, i pande bang sira pamangku ring pamarajan, ya etun ing kapuji maring bangsul, maka pangulun ing desa ring bali bangsul. i pande bang, i pande ireng, i pande gading apan sira treh ing kabrahmanan, etun ing yogya mahening hening, manyaluk sasanan ing kabrahmanan twin kabrahmacaryan, wus saking panugrahan ira sang hyang brahmagni, atindih maring gagaduhan pyagem. nihan malih kaweruhakena jatiniya tunggal sowing-sowang, ki pande bang, i pande ireng, i pande gading, i pande gebug basa, tuhu sakeng paparaban muniya pande bang. kaweruhakena malih, uwus ta sinidhikara lawan wah, apan bibiniya saking wit brit nguni, ya maibian ing kabina bina pratekaniya, ulih bibi kapratekahin, katuturaniya, nga, nyawina. mangkana caritaniya, uwus kaprasapta ring pyagem jati, satindak tandukniya i pande bang, ki pande gebug basa, apan sira prasida prakanggen dalem mapuri ring klep, angamong salwiran ing raja drewe, yadyapin salwir ing katumbas mwang ngastiti ring kahyangan. apan dalem prasida ngawiwenang pati kalawan urip. yan ring puseh prasida dharman ing jagat. kunang yan ring bale agung angamong salwiran ing who-who, mangkana kajar ing aji, ya etun ing gemuh ikang nagara karma. kunang sang anyakra gumi, wenang ngastiti kaluhur. sang pamangku ngastiti ring kahyangan, ring pangulun ing desa. mangkana kayogyaniya, nimitan ing jagadhita tang buwana, apan tan waneh margan sang ratu lawan ikang loka. tan bina kaya lawan acala. luwir pendah sang ratu ukir mageng, ikang jana trenaniya, etun ing kadbhuta, apan sang ratu rumaga singa prabhu, angamit ikang wana ukir aman ikang bhuwana pinaka alas. mangkana padan ika, apan saheka praya maguru siwa, tangeh yan wuwusan, mangkana patemat ing sasana sang ratu ing yawa rajya, nga, majapahit. kunang yan ring bali bangsul, warahakena mangke, sang ratu mayadenawa, uwus mangkana ratu masula masuli, tumutur sang ratu bedahulu, pegat mangkana, sang ratu samprangan, dalem kepakisan. mangkana kacritaniya sang ratu ring kuna bali rajya, wakena talin ing pangrenga.

Monday, October 5, 2009

Prasasti Pande Bang 7-8

7. mangkana wakya bhatara, muli antarlina pwa bhatara, umantuk ing kahyangan tolangkir. nahan prastwaniya nguni. katakana sira bang bali bangsul muwah, sasuksman ira bhatara, tan pira magirang tuwas wetning sampun uwus kinasungan anugraha, byakta salila pwa sira, nanging ana kari sangsaya ing manah, praptin ikang wong airlangga amuru, ya etun ing sira muwah anusup, abayagan madyan ing kanan, annuli irika pwa sira anatunaken padukuhan, purwan ing giri kehen, apan atisayang tistis asamun. yan pra kunang lawas oneng padukuhan, sayan akweh wong ungsen ungsen prapta, jenek pada agawe kuwu, celaki-bi, pada atisaya amabekin, ginawe janggala muwang sawah. makadi anangukaen desa pakraman, wekasan wus dadi ikang desa, ya etun ing ingaran ika tinewaken, mangke ngaran karangsuwung. mangkana caritaniya nguni. kunang apan uwus genep ika desa pakraman, tapwan waneh sira kapwa bang bali bangsul, maka kapalan ing ngara krama. wekasan angalap ta sira rabi, to sing pulina bali, maring karangsuwung, ye maka wredyan ing wangsa, prati santanan ira wekas. mangkana kalingan ika, rengakena kata sekarang. (mantra, tidak diposting). renga ta carita waneh, ana pwa ya wuwusan ing kuna, abhiseka dalem ngaling, saha panengah dalem kemoning, sira kaputra de bhatara brahma wijil ing payogan, umetu saking sariran bhatara catur muka, ya etun ing anama dalem kemoning, sira ta jumeneng ing bali aga, katekeng nusa kambangan. pira ta lawas dalem kemoning amukti, i wekasan tumuli sira anuwuhaken wija, kakung swiji, listuayu paripurna, abhiseka dalem sukahet. kunang lawan ira dalem sukahet amukti, wekasan naler pwa sira asusuta laki sawiji, paripurna ring rupa, sira ta apuspata dalem dhibyoma. sira dalem dibyoma malar anuwuhaken susuta, laki laki paripurna, apuspata sira daelm kilap, saha panengah dalem nusa. sira dalem kilap prasida nggemira titis dalem ngaling ing uni. nahan kacritaniya ring usana, ya kaweruhankena. sangmangkana.

8. wantukane tang tatwa, cinarita muwah, nguni sira bangkara, asuta pwa sira, kang apenelah sutan mantra, ya kang kapingarep, malinggam ing nagara airlangga. kunang sira suta mantri, masantana pwa sira bang bali bangsul, ri wekasan, masantana satrya surya. muwah satrya surya masantana pwa sira satrya pempat. sira satrya pempat masantana sang arya tatar, maibu ayu ngurah kembang kuning. kunang sang arya tatar, neher arabi, apuspata i dewa dandang gendis, i wekasan tumuli asantana sira ingaran patih bali, i wekasan angalap rabi asantana pwa sira gunung nangka. kunang sira wesya gunung nangka, tumuli angalap rabi, asomahe karnawen brit. pira ta kunang sih sira akuren, anwekan raga raras ing paturon, ri wekas santana pwa sira enem diri jalu-jalu paripurna. patunggalan ing ngaran, kang atwa ingaran pwa sira i pande bang, i pande gading kang jaruju, ingran i nyoman gebug basa, muwah sang ing wekas, ingaran i ketut pasangan, muwah sira sang ari apenelah pwa sira i pande cameng, muwah sira sang ing untat, ya ta ingaran i pande kapuji ring bali bangsul. sang mangkana samodayan ing sutane sira gunung nangka, awetu saking abibi brit, mangkana kalingan ika. ya ta prakanggene sing bangsul, ayapa ta i pande bang, i pande ireng, i pande gading, apan sira kang katiga, pradnyan sirang aji, angular dasa sila, weruh pwa sira lawan nya winaya. nahan kalingan ika maka nguni, apan sira sadaya, mula paterehan bang kabrahmanan, maka kumaliliran sang mpu sandang suwungan nguni mwang mpu buhung buhungan, titis ira de paduka bhatara brahma nguni, tekwan apan sira bang kabrahmanan kayogyana ta sira mahening hening, anyaluk kabrahmacaryan. mangkana kayogyan ika, sapratisantanan ira kabeh. rengan pwa iki, inguni ena ling ira bhatara brahma lawan sang bhujangga brahmana, ksatrya, wesya, kita sadaya, rengwakena udesan ing ngulun mangke, wetune sira apande abang, sang akewen de sang ratu mangke, amawang rat, mula tistis ing ulun, mangke kita sadaya aywa predo lawan santanan ngulun. kunang yen sira predo, kang sinalih tunggil, tan wun kita kena sodan ing ngulun, susud ing pamuktyan, katekeng sang para punggawa.kengetakena pawarah ingulun mangke, ingulun bhatara brahma, apan ingulun prasida nyantanayang kita kabeh, awatek ing brahmana bhujangga, ksatriya, wesya kalinganiya, upamaniya tunggal.

dikuti dari :
prasasti pande bang
sumber : gedong kirtya no. 4821
druwen : puri ngurah, sibang kaja, abiansemal, badung