Sunday, September 13, 2009

Prasasti Pande Bang 1-2

1. Uni purwan ing tatwa carita, katakana pwa sira paduka bhatara brahma, ayoga duk ing tan ana paran pran, kari ya sunia, sumlah pwa katonaniya, anarawang-anaruwung, nora tanah lawan langit, tan katenger pwa doh-dohaniya, tan ana wetan kidul kulwan mwang utara, kewala ana katon surya sapetang siki, asurupan atemahan tunggal, tan sipi tejan ing lumran ira, anuluhi ikang bhuwana-anda-pada. Mangkana dilah tejan ira sang hyang indra nguni. I wekasan dadya ana katon, pawayangan, anal or, kidul, kulwan, wetan, sinipatakan dening tung tung ing anan ira sang hyang surya. Apan ta dumeh niyan, apan tan sinipi tikena mapanes. Kunang riwekasan dadya ana muwah katon, akasa lawan pratiwi, atisayang mawalu rupan ikang pratiwi akasa, asinang katon madyan ing bhuwana, tinitisaken tumihan tumihan ikang teruh teruh, saking antariksa, ya atemahan ana ikang taru-taru, sarwa tumuwuh, awurahan, yam maka ananta-padma sahanan ira. Bhatara brahma mayoga, ya tam aka uripan ika, nimitan ing atisayeng mawelu, tejan ikang kukus, angurdayana, mwah atikel amingsor tekeng pukah, jeng ira paduka bhatara brahma, dadya mijil ikang maya sakamantyan sakeng sendin ing adnyanan ira bhatara brahma tinehar pinrayogaken ikang maya, ya ta pwa atemahan manusa, mangke lare, mangke matuha. Sira ta tumuli anama mpu brahma bangsa. Nahan kalingan ikang nguni, didiniyan pada pratyaksa pra-santana sowing-sowang. Rengwakena ikang carita muwah, ring usana sang apanelah bhatara mpu brahma bangsa, atisaya kotaman ira, drasaksat sang hyang tri netra pwa sira, apan parihning hyang. Ri wekasan kinon pwa sira de paduka bhatara prajapati, ayoga amredyakena putra santana. Tar wihang ta pwa sira, tumut umiring adnya bhatara, iriki tineher ayoga sira mpu brahma bangsa. Tan sipi baran ikang yogan ira, kowat den ing kasidyan janyanan ira rasa singgang kang pratiwi-tala, awasana mijil tang manusa sawiji, sakeng sandin ing yoga, listuayu laki warna, tan awaneh kapwa kaya sang kritya, umangke lare, mangke matuha, sira taw us akekasih mpu wija brahma kapandyan.

2. Tan popama kasidyan janyenan ira, teguh ing brata Samadhi, telas katekeng wedha-mantra, sastra karubun den ira kabeh, tangeh yan caritakena. Takwan sira mpu widya brahma kapandyan, kaya pangutus ira paduka bhatara kasuhun, irika neher kapwa sira sang mpu widya brahma kapandyan mayoga, tan popama darakan ing yogan ira, angarepaken kunda-geni. Tan asuwe, dadya metu lare catur, sakeng sandin ing catur-adnyana, laki-laki paripurna ring rupa, neher pinrayoga de bhatara prajapati. Ya nimitan ing manke lare, mangke matuha, apan saksat metu sakeng kasidyan ira bhatara , ye etun ing tan sinipi kanirarayan ira sang catur wija, sang metu kunda-geni. Kunang panunggalan ing araniya, kang aluhur, anama sira mpu bang tawang, kang pamade anama pwa sira mpu apandya bang, mwang kang waruju, apanelah sira mpu sandangan ngaran ira. Kunang sang ing wekas anama mpu buhung-buhungan ngaran ira. Mangkana samodyan ing sira sang catur pandita. Mangkana piweruha, santanan ingsun kabeh, nimitan ing ana kawitan nguni. Astwan Brahman anugraha, linganta kunang. Kunang wetning sih bhatara sinihun, lawan sang catur sanak, dadi ingurahan pwa sira de bhatara prajapati, sarwa tatwa diyatmika, reg-weda, yajur-weda lawan kalingan ing anuwuhsken wangsan ira, Santana prati Santana, kang catur atemahan tunggal, pati kalawan urip. Mangkana panugrahan bhatara nguni, etun ing sira kabeh, wenang pada ngupeti gagaduhan sira sowing-sowang, angistyakena to sing brahma kapandya bang wangsan ira. (mantra, tidak diposting) linganta, rengwakena mangke, patunggal-tunggal ing prati santanan ira sang catur sanak. Kawarsita sira mpu bang tawang, ajarakena rumuhun, sira anuwuhakena prati Santana ana woyeng jawa bali, ri salwan ing jarring-jaringane hoyeng patali raja katekeng bali raja. Apan tan kagem I mayan ira , sira mpu bang tawang, ri wekasan wus ana sutan ira karo, jalu-jalu paripurna. Kunang sira kang panuha, anama sira pandya ireng, kang ari ingaran I mabang, cameng ngaran ira waneh, atisaya lewih kasamyadnyanan ira kalih, tapwan waneh koteman ira sang bapa.

Dikuti dari :
Prasasti Pande Bang
Sumber : Gedong Kirtya No. 4821
Druwen : Puri Ngurah, Sibang Kaja, Abiansemal, Badung

No comments:

Post a Comment