Monday, November 9, 2009

Prasasti Pande Bang 11-12

11. Ring usana sapenyeneng ira dalem mayadenawa ring bali rajya, dadi pegat aci-acin ing desa, ngatemwang ring luhur. Dadi apunpun awatek bhatara ring bali lawan sang para bhagawan, tan waneh pragonitan ira dening pegat ikang pangaci. Apan wimoha de sang ratu mayadenawa, pada kroda si bhatara ring bali, makadi bhatara ing tolangkir, lunga maring jambu dwipa. Tan katan margan bhatara. Wuwusan sira mpu kuturan, lunga amarah marah desa, asing desa kaparanin, adadawan akarya laluputan mwang gagaduhan, prasida amatu tampagin lwirniya, tan yogya anglali ngastiti ring kahyangan. Kunang yan lali angastiti kahyangan, makadi ka gunung agung, ya kena sodan ing dewa. Gelis ikang tatwa carita, tumuli kagebug sang ratu bali sri aji mayadenawa, de watek dewa-dewata, makadi bhatara indra. Enti ramyan ikang yuda, yaya sagara apagut, nempuh lambung ing acala, dening kawiran ira patih kala wong, angadwaken bala. Etun ing tan pengen kweh ikang pati, yaya gunung kurapa, asaharaswanita, tengeh yen wuwusan ikang laga. Apan sampun kapratista munggwing usana bali. Mangkin gelis ing kata carita moksa pwa sira raja mayadenawa, pejah I kala wong kena cinakra de bhatara indra nguni maring pangkung patas. Nimitaning ana tahulan I panguluning jurang patanu kena sinapa de bhatara nguni, mangkana caritaniya. Kunag ri wus ing perang, ye etun ing ana tinawaken mangke, gagaduhan mwang laluputan, awig-awig, jajeneng, jaksa, batu tumpang. Sawusan rundah tekeng Negara bali ring usana, pada sampun umungguh maring lepihan, raja purana mwang gagduhan kaliliran.uni tinewa mangke, sahanan ing agung alit, taton kawenang angladin, ngastiti mwang angaci-aci ring sad kahyangan, apan lewih upadrawan ing desa, ana kalingan ika. Kaweruhana malih kang sinengguh kapuji, babali ring kahyangan, asrama araman, rejang, tabuh swara, renteb swara, kalinganiya iku uttamaniya, ring sad kahyangan, papaundutan utawi papendetan agung alit.kunang kacarita ring ling ing pamancangah, sira ki pande ireng, I pande gading, ki pande gebug basa nyamput. Kacarita I pande abang masantana kalih diri, laki-laki paripurna, patungalan ing aran kang matuwa ingaran I pande sakti, kang ari apenelah I pande bagus.

12. Mangkana saprati Santana Ki pande bang. Katakana sira I pande ireng, sutan ira jalu sawiji, listuayu paripurna, ya apanelah I pande cameng, memper nama sang bapa, ya kinon de aji angamong taman. Nguni muwah ki pande panyarikan, asuta ta pwa ya 3 wiji, jalu jalu paripurna, tan katakana tekang wadu, atunggalan ing aran, kang panwa ingaran pwa ta ya I wayan pung, kang panengah ingaran I made truna, tan sapirapekik ing warnan ira, yaya betel ing surat, ya ta pwa ki made taruna kinon de aji angamong siwa, pangawin mamas mas. Kunang kang waruju inaran pwa I nyoman liyat, pantes pwa sira ingaran mangkana apan sira bagus, celang yaya kidang anongklang. Katakana mwah I pande gading, asuta pwa ya 2 wiji, kakung paripurna, kang panwa ingaran I wayan sahib, weruh ing naya winaya ta pwa sira, kang ari inaran I made sepit gunting, pangeran pwa sira, kuncrit ira panjang. Kunang sira I wayan sahib, imnugrahan ya de sang amawa gumi, angamong palinggihan sri aji. I made sepit gunting angamong tirtha pawitra, maka padyusan sang amawa gumi. Samangkana samodayane prati santanane kabeh. Sampun sira mawreda, tineher pwa sira brata, ahening-hening anyaluk brahmacari, ngaliyon angungsi rasan ing don, apan sira ki pande bang maka cudamaniyan ira kabeh. Mangkana kacritaniya. Kaweruhana muwah, I pande panyarikan, ki pande cameng, I pande gading, ya pwa tunggal bibi pwa sira, marapwan para Santana pada weruh lawan kawongan ira kawekas-wekasan. Nihan waneh, apan sampun pada adudwan-dudwan gagaman, kinugrahan de sang amawa bhumi, tumuli ananguaken panti, maka palinggihan ira bhatara kasuhun, kayogyaniya angangge pahica panugrahan bhatara nguni makadi kawitan. Siningsung de sasanak ira kabeh, dadiniya nora kabajrawisia de bhatara. Apan sampun putus ing wara nugraha sami, kapratista munggwing lepihan prasasti, nga, piyagem.

No comments:

Post a Comment