Friday, August 19, 2011

Prasasti Pande Bang 32-33


32. lingen muwah saprati-santanan ira ki pande sakti, ki pande bagus, sang angalih unggwan maring bumi abyan base, uwus pada umantaya sadaya, tan sipi pada kawredyan ing pratisantan ira kabeh, tan ipal-ipal, ndah sakarambeyan, asanak amisan, aming ro, aping tiga, aping pat, acanggah, acarang, apencer muwah ahijengan, tan sah pada manggeh anyungsung kahyangan ira, marin panti, pepek sapangacin ing puja walin bhatara, manut kadi ling ning titi gagaduhan, piyagem, angisti paduka bhatara kasuhun. makadi tan kurangan para karma, urip urip katekan ing patiniya, apan pada umenget kalawan kawangan ira, piwekas sang karamarana, ya etun ing pada amangguh ing parikrama lawan muwah manggeh pwa sira, anangaken maka pangadyayan, saka purohita, sumbu, jan banggul ring kahyangan, makadi aneguhi kawangsan ira kabeh, turun tumurun kaprabaliyan ira. iki wangsa panyuwung, ana ring abyan base. mangkana kramaniya nguni, etun ing tinewaken mangke. manggeh. apan inguni nguni inawe tular, mangkana po kita kabeh, saprati santana nywung, aja angimpasin kaya linging titi gagaduhan, kraman ing anyuwung kahyangan, yadyapin katekeng pari kraman ing kapejahan, muwang urip, aja ngimpasin. kunang ya angladi sasana kawangsan, tan wun kena sodan ira paduka bhatara kasuhun lawan kena brahmatyan ing sang kawitan ira nguni, poma, 3. aja lali, tutur tutu raja lupa. nihan kacaritaniya sang awangsa nyuwung ring bumi abyan base. ling sang kawitan ira nguni, apa ta lwirniya nihan, kamung santanan ingulun kabeh, awatek ikang sinangguh wangsa panyuwungan, rengwakena iki carita muwah, maran pwa kita pada tyaksa, lawan pidartaniya, makadi nora kasalimur lawan kula wangsanta delaha, apan wekas ing malawas, pada adoh dohan unggwan, ya etun ing sopana kita pada weruha, apan tangeh pwa sira paduka bhatara brahma, angadaken manusa loka. kunang praisantanae sira imabang, sang apanenggah cameng, uni sang as asana ring camenggawon, maka nguni sapratisantanae sira arya bambang, angalih maring sukawati. yadyapin sapratisantane sira arya patih bayung, sang as asana maring desa klungkung.
33.nguniweh sapratisantane siraarya abyan nguni, sang angakih maring desa abyansemal. sira ta prasama amawa kaliliran, panugrahan paduka bhatara kasuhun ri kala kapejahaniya. kajatyaniya tunggal pangadake de bhatara nguni, nga. apan sira sadaya katekeng kita, ya sinangguh akawitan tunggal, nga. ndyata, apan terah ira sang mpu catur sanak, kang apanengah sira mpu bang tawang, sang mpu pandya bang, sira sang mpu sandang suwungan, sia sang mpu buhung-buhungan, titis irra bhatara ring usana. tunggal pawijilan aran, potraken ira de mpu brahma wangsa, kaputra de mpu brahma kapandeyan ring nguni.mangkana kapidartaniya, uwus munggwing pratisantana prasanti. kaweruhakena kita kabeh muwah, maran pwa kita deb tyakas ring kadatwaniya waneh, apan akweh sahimper lawan pungkusanta, sinangguh awangsa pande, yadyapin awangsa bang, maran kita nora kaslimur. sakena talingan ing pangrenga, nihan uni ring asit kala paduka bhatara brahma ayoga, umetu manusa jalwistri, tan pira kweh tang manusa loka, awasana ana ginjal sawiji, tan ana pasomahaniya, kurang jalu, apan ta sira kari sawiji, atisaya manastapa ring manah lawan atungtung irang, ya dumah ta sira, tan sah umiring lampah bhatara saparan-paran. uni kalan ira bhatara brahma, umahas waneng wana ukir, awasana katemu tuwed nangka, araryan bhatara ingkana, rajwa matur ikang pawestri. “pakulun paduka bhatara, kapengin patik bhatara, atumon ikang tuwed nangka iki, singgih yan pindan ing yoga, rena paduka bhatara, ayogakena, marapwan ikang tuwed dinadenaken manusa, maka swami yan patik bhatara”. ling bhatara “sigra manusa, yan mangkana, ana pwa piteket ingulun wetning tegase kita sakeng karahasyan, wastu 3 siga, anama nil uh kaywan teges”. anembah ta pwa sira, tan asuwe pwa ta sira bhatara, etun ing tuwed nangka atemahan manusa lanang, paripurna apekik ring rupa, tulya nanmata angawatara.

No comments:

Post a Comment