Friday, August 26, 2011

Prasasti Pande Bang 34-35


34.antarlina bhatara maring tan katon, irika ta ni kaywan teges, yaya kagebug ikang manah, tan kena ingandegang, pinangku pwa sira sang apekik, tur ingaras-ngaras, apan suniya sepi, tan ana ingibdang manah, adawa yan caritakena polah ing sang wawu rinuwang ing salulut, atakera asing suket rejung. gelis ikang tatwa carita, yan pira kunang lawas ira atemu tangan, awor saraga riwekasan asuta pwa sira laki bi, kang laki ingaran i nangatewel, kang istri ingaran nil uh nangka. wekasan riwus wayah pwa tuwuh ira, mangpng ring kayowan, neher rinangkubaken somah lawan sanak, apan buncing pwa wijil sira nguni, muwah salawaase pwa sira akuren saib, wekasan ana suta pwa sira inaran i teges, muwwah ki teges, wekasan asuta pwa ya inaran ki jati, muwah ki jati nular atmaja, ya inaran i kaywan. kunang i kaywan anuwuhana wija i abasan. muwah ki abasan nalar asuta, anama ki tampwagan, i tampwagan adruwe pyanak anama i pangalasan. muwah i pangalasan asuta aran ki pangawasan. ki pangawasan nalar aputra anama i abyannangka. ya ika prasida anumubaken wangsan ira sowang-sowang. kukuh ngamangehan kawangsaniya, ya ta prasama siunangguh bandesa bali araniya, nging pada uwus kinanugrahan pwa sira ri kala kapejahaniya, wenang ta sira maprebeya mageseng, mamanah toya, menek uncal, madasar bade, maguling babangkit, wenang matatakan baha. ri kala uripniya, wenang makahyangan panti. mangkana panugrahan ira paduka bhatara brahma, ri sawatek ing pratisanatan katewel, prasida sinanggeh bandea bali pwa sira kabeh. ri wekas ing wekas, pada sah pwa sira, angungsi dik desa-desa, ana angungsi maring nyalyan, ana ngungsi maring getakan, akwehniya ana ngungsi maring kuramas, medahan, mider pwa sira maring desa-desa, apan ya pada wredhi santanan. mangkana wastu wayaniya, didiniya santanan ingulun mangke, pada weruha lawan kadang makadine nora kadang, apan makweh adak-adakan ira paduka bhatara brahma, wenang yawa-yawakena, apan akweh tang pungkusan, mamper-imper kulawan santanan ingulun, ana olih ing paradesa, ana amet saking wadu, ya wenang den pratyaksakena. mangkana kangetakena, marapwan tan kasalimur. rengenta malih tang tatwa, cinarita ingati ta sira paduka bhatara brahma, agawaya manusa kamitaniya, antuk ing tanah legit, kinepel-kepel, inulet-ulet, tan asuwe, andadi manusa salaki bi wetning kasidyadnyanan ira paduka bhatara.
35. dadi mahabang rupan ira manusa, apan katikanan den ing kasidyan adnyanan ira bhatara, ya etun tumuli ingaranan ki pande bali. ndya etun ing apungkusan pande, apan sira waged amet gagaduhan amalu wesi, alandesan pupu, weruh anggawe sarwa lalandep mwang anggawe saprabot ing manusaa loka, apaniyan waged, ya etun ing inaran ki pande bang bali. mangkana katatwan ika, anging dudu apande bang kawitanta, it is ira mpu sandang suwungan mwang mpu buhung-buhungan, maka lalangitan santanan ingsun kabeh, teges ira pande bang ika. tuhu totos ing tanah legit ika ing kuma. nahan kaprastawaniya. tumutur ikang carita muwah, salami lamine sira pande bang bali, angaduh gagaman ing apande wesi, ri wekasan awredi pwa sira santana, tan ipal-ipal, turun tumurun, malar pwa tang prati santana, angaduh ing gagaman sang kawitan, amande wesi, terus tumus katekeng wekas-wekas, sapungkusan ki pande bang. kunang muwah nimitaniya, rikala kapejahaniya, tan kayogya matirtha ring brahmana, apan ya atisayeng makumel parikramaniya, wangkayaniya, tan kawenang tinanem ring pratiwi, kayogyaniya ring bungkah ing taru-taru, sumandangakena, rinubungana don ing sarwa sekar merik. prapta kang paksi gagak, amangan ikang sawa, ya awana ira mulih ing ayatana. mangkana kalingan ika. marwan ing nora atirtha ring brahmana, tegese sira sudra janma ngaran, angaduh sagaman amalu wesi. mangkana kalingan ika, ri wekasan, ana santanan ira, pratakan ing aran, kang rumuhun, anama bang sutawan, masantana ingaran ta sira bang wirya. kunang sira bang wirya, neher santana anama sira bang kalung. muwah sira bang kalung, neher santana anama sira bang sangging. muwah sira bang sangging, malar pwa sira asantana ingaran pwa ta ya i pande kebat. kunang pwa sira ki pande kebat, olih agocehan lawan ki sengguhu, to sing bhujangga, kena kawawadulin dene ki sengguhu, sinangguhaken amati-mati, apan sira anggawe lalandep, kroda sang amawa bhumi, ya etun ing kinarangkengan olih sang amawa bhumi. sira ki pande kebat, alama pwa sira den ira ring madya karangkeng, annuli ana karyan ira sang amawa bhumi, ring bali rajya, tan ana anggen amati-mati sato mwang sarwa manuk, katekeng sarwa mina mwang katekeng saprabot ing manusa kurang, awetu eling pwa sira sang amawa bhumi lawwan punang pande kebat, kari maring karangkeng, kang kapisuna den ing ki sengguhu, maka wurungan ing mangun karya dalem.

No comments:

Post a Comment